Raden werkudara (Bahasa jawa)
Raden Werkudara Werkudara iku putra Pandhu Dewanata lan Dewi Kunthi, kang nomer loro. Werkudara uga dadi panenggaking pandhawa. Nalika lair kabuntel bungkus, kebuntel ari-arine bayi. Kaelokaning jagad, bayi kang isih bungkus iku pranyata madal sakathahing gegaman. Manut pamawase Begawan Abiyasa si jabang bayi bungkus supaya kasingkirake menyang Setra Gandamayit. Dene para sesepuh ngastina padha sarujuk. Sabanjure, jabang bayi bungkus kaleksanan dedunung ing alas. Bayi bungkus saya suwe saya gedhe. Yen ngglundhung ngiwa nanggor wit gedhe, wite apik sanalika. Yen ngglundhung natap watu, watune pecah ambyar sanalika. Kedadeyan iki ndayani lan mrebawani nganti tumekaning kahyangan. Bathara Guru dawuh marang Bathara Narada supaya turun ing ngarcapada niti priksa anane gara-gara ing kahyangan. Tindake gegancangan enggala tekan alas Setra Gandamayit. Ing kono meruhi ono bayi bungkus glundhang-glundhung, ngiwo nengen nrajang apa bae ajur mumur tan mangga puliha. Bathara Narada dawuh Gajah...